Ora Tak Doi Umahku Kuee ...!!!

Ora Tak Doi Umahku Wek!!!
Ceritane Si Mbah bar blonjo neng pasar Krunting Tambah Harjo, mulihe pengin numpak becak, nyang2an karo Tukang Becak.

Si Mbah               :  "Pak, 5,000,- purun nggih ?"
Tukang Becak      :  "Oh dereng saget, 10,000 mawon mbah".
Si Mbah               : "Emoh ah, 5,000 wae to...!!! Mengko ta duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo..."
Tukang Becak     : "Mboten saget,mbah... Nek 10,000 nggih kulo purun.." 
Mangkel mergo tukang becak'e ra gelem ngedunke rego, akhir'e Si Mbah  ngalah, karo munggah lungguh becak,
Si Mbah              : "Nggih pun, tak bayar 10,000...!!!" ( Karo Grundel ) 

 Pas Neng Dalan ...

Tukang Becak     : "Mandap pundhi mbah...?????"
Si Mbah              : (Meneng wae...) 
 Tukang Becak    : "Lha niki mandap pundi mbah..???"
Si Mbah              : "Kan wes tak omongi dek mau...Nek 5,000 mengko ta duduhi dalane...Ning nek 10.000 yo ora tak kandani omahku ngendi ??? golek ono dewe sak ketemune...!!!"
😀😀😀😀😀😀

imammukhtar

Kepala Madrasah di MA PPKP Darul Ma'la

Post a Comment

Previous Post Next Post

Contact Form